Assalammu'alaykum WR WB

Selamat Datang, Saudaraku...

Rabu, 28 Januari 2009

Mari Pilkada, Saiki Lapo?

oleh : Yulia Fajar Rini

Pak Jono lagi asyik maca koran esuk iku neng prapatan dalan cedek SMA 5. Umpel-umpelan karo sing liyane. Lumayan. Maca koran gratis. Iki pancen kebiasaane Pak Jono, ambek sekalian njokok blonjoan ndek Pasar Gede. Sakmarine maca berita menange Arema, Pak Jono ora langsung moleh. Ngene-ngene Pak Jono wong seng ”Darling”, Sadar, Peduli Karo Sekeliling. Pak Jono pengen ngerti kabare kutho Malang dina iki. Ana apa ya?
Tiba’e beritane seputar Malang Pasca Pemilu. Pemilu milih Pak Walikota ncen wis mari, hasil e yo wis ono. ”Tiba’e Pancet”, jarene wong klambian gambar singo edan. Pak Jono mek mesem, karo tetep maca brita sembarang kaler. Brita ekonomi, politik, opini, sosial, internasional, kabeh diwoco. Masio mek judul e tok. Dadi Pak Jono ora Kuper alias Kurang Pergaulan. Marine maca koran, Pak Jono mampir sek ndek toko Jajan ngarepe Kairo, nukokno pesenane anake, Donat rasa coklat. Terus moleh numpaki sepeda motore sing tersayang.
Mandeg ndek lampu merah jalan Kawi, Pak Jono sempet kepikiran brita sing diwoco mau karo apa seng ana neng sekitare. Pemilu wingi, Para Calon podo kampanye bakal nggarakno Malang iki luwih apik. Ana sing kate nggratisno biaya pendidikan. Sing saiki puancen luarang buanget. Tapi iso ta?
Lek eling sambate Pak Narko seng duwe anak pinter. Pengen nyekolahno anake ndek sekolahe apik. Jarno tambah pinter. Tapi mbayare saulan meh telung atos ewu. Untung anake Pak Jono wis mari sekolah kabeh. Coba lek durung. Pak Jono ora kepikiran tekok endi duwe telung atos ewu ben ulan gawe mbayar SPP. Durung sing liyane, duwek gawe mikrolet, sangune, tuku alat-alat pelajaran. Paling enggak setengah juta ben ulan. Paling Pak Jono ben ulan kudu dodol barang-barang sing ana ndek omah. Wulan iki dodol Tipi, wulan ngarep dodol radio, wulan mbene paling yo dodol ”stadione mbahe” seng ono neng ngarep omahe ndek Mbareng Tenes (tp tibae wis payu). Gawe mbayar sekolah. Oalah...Pak Jono dadi ngguyu dhewe.
Lampune ijo, Pak Jono karo mlakukno sepeda motoree. Moleh.
Pak Jono sek kepikiran. Tapi jarene Pak Kyai Malik, pendidikan gratis iku pancen iso. Yo iku sing duweke syari’at Islam. Tibakne syari’at Islam yo ngatur masalah pendidikan, politik kebijakan mbek liya-liyane. Gak mek ngurusi sholat mbek ibadah ritual thok. Tapi masalah masyarakat yo diurusi.
Pendidikan konsep e Islam Guduk gratis tapi kualitase elek. Tapi sing gratis kualitase yo apik. Masio lek pengen apik, biayane kudu larang. Kudu ngetokno duwik sing akeh. Tapi masalahe, biaya sing larang iku sapa sing kudu nanggung. Ditanggung rakyat, opo ditanggung pemerintah?
Lek dalam Islam kudune pemerintah sing nanggung, tapi lek saiki yo pancen kudu rakyat sing nanggung. Wong kebijakane pendidikan saiki iku turunane kebijakan pendidikan dunia pas konferensi WTO (Organisasi Perdagangan Dunia). Lek pendidikan iku termasuk industri jasa. Dadi pemikirane wong sing gawe kebijakan, pendidikan iku gak adoh koyo barang dodolan. Pemerintah dodol, rakyat seng tuku. Guduk pelayanan. Pemerintah menyediakan untuk rakyat.
Padahal lek misale, pemerintah bener-bener pengen rakyate pinter-pinter, dadi generasi unggulan neng pentas Internasional, kudune yo kudu merhatekno pendidikan gawe rakyate. Soale pendidikan iku penting buanget. Nggak mek perhatian seng ala kadare. Tapi perhatian temenan. Nyediakno rancangan pendidikan seng iso nggawe rakyate cerdas. Fasilitase, buku-buku, laboratorium, kurikulume, biayane.
Lha lek biayane larang pemerintah oleh duwek tekok endi? Duweke mbahe ta?
Yo gak ngono, ker! Coba wingi, pak Jono eleng ndelok berita ndek tipi tentang tunggakan royalti perusahaan-perusahaan batu bara. Masio jarene pemerintah utange mek 7 trilyun, tapi jarene ICW (Indonesian Corruption Watch) jumlahe wis sampek 14 Trilyun. Pemerintah rugi sak mono akehe mek teko ga mbayar royalti. Coba lek duwik sak mono akeh di gawe mbiayai pendidikan. Mestine bakal murah utawa gratis. Ikupun mek tekok perusahaan batu bara.
Dadi, coba lek saiki awake ndelok peta pertambangan ndek Indonesia. Emas ndek Irian sing bendinone diusungi karo rung puluhan trek sing ban e sak mikrolet digawa nang luar negeri. Iku durung sing ndek Nusa Tenggara mbek Kalimantan. Durung Danau Seran ndek Kalimantan seng iso produksi intan 3500-4000 karat ben ulan. Kabeh digondol digawa neng luar negeri. Gurung lengo e seng jumlahe 42 ribuan galon barel ben ulan, alumuniume, gas, nikel, perak, wesi, seng jumlahe ewuan ton meter. Lek gak ngono di sedot entek karo swasta dalam negeri gawe kepentingane dhewe. Piro untunge sing gak iso di nikmati rakyat.
Jarene ndek Kompas, (10/7/2008) negara saiki pancen cenderung tunduk pada korporasi. Korporasi iku yo para pengusaha ambek institusi keuangan internasional membentuk korporatokrasi (negara para pengusaha) karo pemerintah. Terus menyatukan kekuatan finansial dan politik nggawe kbijakan sing ngedol-ngedol iku. Ketok nyata tekok muncule UU no 1 tahun 1967 tentang Penanaman Modal Asing, UU no 11 tahun 1967 tentang Pertambangan, UU no 5 tahun 1967 tentang Kehutanan. Gara-gara kontrak pertambangan generasi satu dan dua Indonesia mlebu fase dodol murah, dodol entek-entekan, dodol cepat kekaayaan alam demi kejayaan korporasi/pengusaha.
Lek syari’at Islam. Iku kabeh kudune dikelola negara untuk rakyat. Soale iku pancen wek ane rakyat, guduk negara. Dadi negara ga berhak ngedol-ngedol. Hadits Imam Ahmad Bin Hanbal yang diriwayatkan dari salah seorang Muhajirin, bahwasannya Rasulullah SAW bersabda:
“Manusia itu berserikat dalam tiga perkara: air, rumput dan api.”
Negara kudu ngolala banyu, suket (madsude panganan pokok, kayak pari, guduk mangan suket), energi termasuk tambang gawe kesejaheraane rakyat. Ora didoli ae.
Jarene ndek pasal 33, kekayaan alam dikelola oleh negara untuk sebesar-besarnya kemakmuran rakyat. Opo pasal iki wis gak payu? Buktine saiki kekayaan negara dikelola oleh swasta untuk kepentingannya sendiri.
Oalah...
Coba lek misale iku kabeh digawe mbiayani pendidikan. Gratis yo iso. Malah susuk-susuk. Kesehatan yo iso gratis.
Terus yok opo carane rek?
Lek diomongno yo pancen dhowo. Mangkakne Pak Jono seneng melok dialog Sosial-Kemasyarakatan yang sering diadakno Organsasi Pro-Syariat Islam.
Tapi seng jelas. Pilkada Malang pancen wis mari. Partai-partai politik ambek calon-calon walikota seng wingi kampanye, ngomong ngalor-ngidul, ojo langsung bubar sak marine pilkada. Tapi yo kudu kritis. Mengawal dalane pemerintahan supoyo dadi apik. Dadi Baldatun Toyyibatun wa Robbun Ghoffur. Yaiku pemerintahan sing sesuai dengan syari’at Islam.
Kene-kene, sing wong cilik yo kudu melok ngawal pemerintahan supaya apik. Masio nguripi awake dhewe wis ngelu, cenut-cenut gak karu-karuan. Tapi lek kene cuek, dadino ngimbas neng kebijakan seng ga peduli karo awake. Lek ono wong demo nolak kenaikan BBM yo ojo diomeli soale nggarakno dalane macet. Padahal imbase BBM dadi mundhak, kene pisan seng kenek dampake, kene yo ngelu, muter otak kanggo golek penghasilan tambahan. Lek iso kene yo melok demo pisan ngono lho ker!
”Terus mari Pilkada, kiro2 kene saiki kudu lapo”, Pak Jono ngomong dhewe. Tapi akhire ngguyu, soale wis nemu jawaban ne. Peyan ye apa?
(yul)
no_compromiz@yahoo.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar