oleh : Yulia Fajar Rini
Dino iki, Pak Jono budhal kerjo numpak mikrolet. Lha yek opo! Montor e mogok, gara-gara wingi sore ngliwati daerah Dieng-Pasar Mergan sing kenek banjir. Udane dueres buanget, sampek dalane kayak kali brantas. Pas mlaku nuntun sepeda ae, sandale bojone kenter, sampe akhire moleh karo nyeker (temenan iki!).
Montor e Pak Jono mogok, paling yo soale banyu banjir e mlebu ndek mesin montor. Soale, masiyo busi ne wis diresiki, sik ora kenek murup i montor e. Babano wes. Etung-etung ganti suasana. Dino iki, paling wayahe Pak Jono numpak mikrolet. Berbagi rejeki karo supir-supir mikrolet iku.
Pak Jono akhire numpak mikrolet MM sing ngendon ndek ngarepe pom bensin sebelahe MOG. Penumpange sik Pak Jono thok.
Tapi wes 10 menit mikrolet iki ora mlaku-mlaku. Kayak e awan iki, ga onok wong seng kepengen numpak mikrolet. Lha ket mau mek nambah ibu-ibu karo anak e. Lek ngene terus, Pak Jono iso telat kerja ne. Pak Jono mek iso ndungo cek mikrolete ndang kebek. Lha ya opo. Kate negur supir e ben ndang budhal, kok rasa ne ga tego. Lek nang sawojajar mek nggowo 2 penumpang, iso torok bensin e.
Tapi, tiba e ga suwe mikrolet e mlaku...ngengg...
Alhamdulillah...
Sebagai wong sing darling alias sadar keliling Pak Jono ora mek nglamun thok ndek jero mikrolet. Pak Jono luwih seneng merhatikno apa sing ono ndek kanan kiri dalam. Niteni toko-toko, kantor-kantor, kegiatan wong-wong ndek dalan, poster-poster, spanduk-spanduk, pokoke sembarang kaler. Lek biasane numpak sepeda, Pak Jono yo ora iso koyok ngono. Lek numpak montor, paling yo mek iso nglerak-nglerek thok. Lek nyetir karo moco-moco spanduk-spanduk, iso-iso ndlereng kecemplung got utawa nyenggol montor ndek sebelah e. Iso bahaya!
Sakliyane, tambah akeh iklan wong dodol pulsa, Pak Jono niteni lek meh ben sak meter, ono poster-poster gede gambar macem-macem. Onok wong brengosen, ibu-ibu ngguyu karo pacakan rodok menor, mas-mas koco motoan sampek mbak-mbak sing pada unjuk untu. Gak mek iku thok, ndek isore gambar-gambar mau ono tulisan-tulisan gede, ”Jujur dan amanah untuk Malang lebih baik”, utowo, ”Menyalurkan aspirasi rakyat” ambe macem-macem tulisan sing liyane.
Sebagai wong sing biasa mangan (baca: moco) koran Pak Jono yo wes ngerti lek pancen saiki wayahe kampanye gawe pemilu 2009. Mangkak ne, akeh poster-poster ngono iku. Pak Jono yo ora heran, lek wong-wong seng nampang bedo-bedo wajah e. Lha Parpol seng melok pemilu ae onok 44. Lek sak parpol ono 5 calon sing iso di pilih, yo garek dikalek no ae. Durung lek diitung per wilayah.
Pak Jono dadi bingung engkok kate milih sing endi. Lek mek ndelok fotone, tulisan-tulisan singkat, jeneng ambek gelar, yo opo iso nentokno sapa sing bener ambek pantes dipilih. Iyo lek Mama Lorent. Iso ndelok wong iki apik opo elek tekok ndelok wajahe (iyo ta?). Pak Jono mek iso nggremeng karo kukur-kukur dengkul e sing ora gatel (kok dengkul e se Pak?). Oalaah...
Tekok alun-alun, mikrolete mandek. Koyok e kate ngendon maneh. Lha ket maeng penumpang e mek Pak Jono karo ibu-ibu siji thok. Pak Jono maleh sa aken karo supir e. Pak Jono ngerti kenopo kok saiki mikrolet-mikrolet podo angel golek penumpang. Guduk karena jumlah penduduk kota malang sing tambah sithik, utowo wong-wong saiki jarang metu omah. Tapi sepi ne mikrolet-mikrolet disebab no akeh wong sing luwih milih nggawe kendaraan pribadi. Yo mobil pribadi utowo motor pribadi. Contoh ne yo Pak Jono dhewe. Lek kudu nang endi-endi karo numpak mikrolet, bakal akeh duwik e. Lek numpak montor, Pak Jono ngarep ongkos gawe transport iso diirit. Sampeyan yo ngono pisan kan?
Pak Jono dadi eleng, opo seng tau diwoco ndek buku. Lek biyen, ndek salah satu negara bagian ndek Amerika iku akeh sepur gawe transportasi umum. Wong-wong podo milih numpak sepur. Soale luwih murah, iso nang endi-endi. Tapi tiba’e gak kabeh wong iso nrimo. Dadine, moro-moro ono kebijakan pembangunan jalan raya, sing akhir e gelem ga gelem kudu nggusur dalane sepur. Lek sepur dikongkon mlaku ndek dalan biasa, yo ga iso. Njaluk e yo ndek rel. Akhir e sepur-sepur iku mau podo ga iso mlaku maneh. Dampak e? Wong-wong sing biasa numpak sepur, blingsatan lek kate nang endi-endi. Lha saiki kudu numpak opo?
Tiba e ono solusi gawe masalah transportasi iki tekok perusahaan berinisial GM sing nawakno produk-produknya. Yaiku motor. Akhire wong-wong podo tuku montor cek no iso nang endi-endi.
Beberapa tahun kemudian, kesingkep, lek kebijakan penghapusan rel kereta api iku mau permintaan e si GM. Lek wong-wong podo numpak sepur, dagangane GM yoiku montor yo ga payu. Akhire GM nyetir pemerintah supoyo nggawe kebijakan sing menguntungkan GM. Rel sepur di ilang i. Ga peduli lek kebijakan iku bakal nyusahno rakyat. Sing penting pemerintah ambek perusahaan untung. Lek jarene koran Kompas, sing ngono iku jenenge negoro Korporatokrasi. Yo berarti negoro kapitalis.
Kok iso ngono? Yek opo critane?
Ngene lo ker! GM alias kapitalis iki mau sing mbiayai dana kampanye ne calon penguasa ben isok kepilih. Lha kampanye kan butuh modal. Lek ga duwe modal, yo modal-madul. Ga iso melu pemilihan. Lha biasane sing duwe modal iku yo wong-wong kapitalis alias perusahaan-perusahaan. Lek kapitalis iku nyeponsori kampanye sampek menang, dadine pemerintah sing kebentuk yo kudu ono timbal bales e. Utang budi ngono ker! Akhir e kebijakan e pemerintah sing kebentuk yo kudu ga oleh ngrugik no perusahaan seng nyeponsori iku mau.
Pak Jono khawatir, lek keadaan e saiki mirip-mirip karo crito iku. Opo hayo alasan logis dhuwur e rego BBM ndek negeri iki? Padahal lengo yo uakeh ga karu-karuan. Opo gara-gara harga minyak dunia sing tau larang buanget. Lha kene kan negara penghasil minyak. Kudune lek harga minyak larang, kene yo malah untung ta! Jangan-jangan regane lengo pancen digawe larang, cek no menguntungkan perusahaan-perusahaan sing untung lek regane minyak larang. Peyan lak pinter a. Koyok e wes iso nebak opo sing dipikir no Pak Jono.
Eleng iku mau, Pak Jono dadi manthuk-manthuk...
Mangkak ne Pak Jono dadi ragu karo seng jenenge demokrasi. Masio akeh wong nganggep demokrasi iku sebagai sistem politik sing uapik ndek jaman iki.
Tapi, Pak Jono paham, kenopo demokrasi dianggep sebagai sistem paling apik (masio kenyataan e mek mitos) yo soale disampek no nang awake dewe lek demokrasi iku sistem pemerintahan sing berpihak nang rakyat. Pemerintah e dipilih rakyat, diawasi rakyat ambek di endekno karo rakyat dengan kontrak sosial. Tapi yo opo akhire kabeh iku bener-bener representasi teko rakyat. Lek kenyataan e sing dimaksud suara rakyat, guduk suara rakyat dalam pengertian sing sak bener e, tapi sakjane suara elit politik sing duwe modal sing ngatasnamak no rakyat. Buktine iku mau. Kebijakan pemerintah sering dipengaruhi oleh pemilik modal, sing lokal utowo asing. Ga aneh lek akhire UU produk e DPR sing jarene wakil rakyat sering tubrukan karo kepengenan e rakyat. Ketok nyoto tekok muncule UU no 1 tahun 1967 tentang Penanaman Modal Asing, UU no 11 tahun 1967 tentang Pertambangan, UU no 5 tahun 1967 tentang Kehutanan. Gara-gara kontrak pertambangan generasi satu dan dua Indonesia mlebu fase dodol murah, dodol entek-entekan, dodol cepat kekaayaan alam demi kejayaan korporasi/pengusaha.
Negoro-negoro kulon sing jarene memperjuangan demokrasi sing kudu ditegakno lewat dukungan rakyat ambek tanpa kekerasan, tiba e yo koyok ngono. Delok ae ndek Irak ambek Afganistan, demokrasi dipaksakno karo senjata. Iki bukti lek demokrasi omong kosong thok.
Opo meneh, kene sing wong Islam, kudune kebijakan pemerintahan iku yo njalakno opo sing diperintahno Alloh ndek Qur’an. Lha Alloh sing nyiptakno kene, pasti Alloh ngerti aturan koyok opo sing apik gawe kene. Lek nggawe demokrasi berarti sing nggawe hukum iku manungso. Lha lek sing nggawe manungso biasane hukum sing digawe yo ngono ikum mau. Dipengaruhi karo hawa nafsu ne, nguntung no kepentingan e dhewe, ga sempurna ambek ga mesti bener. Yo ngono iku, kehendak rakyat iso nggarakno kene nyimpang tekok dalan sing lurus. Lek kehendak nggawe hukum di tangan rakyat berarti hukum di gawe manungso padahal Alloh berfirman
...Menetapkan hukum itu hanyalah hak Allah. Dia menerangkan yang sebenarnya dan Dia pemberi keputusan yang paling baik (Qs.Al-An'aam[6]:57).
...Barangsiapa yang tidak memutuskan perkara menurut apa yang diturunkan Allah, maka mereka itu adalah orang-orang kafir (Qs.Al-Maa’idah[5]:44).
Mangkakne, sikap politik e awak e dhewe saiki yo kudu jelas. Sebagai abdine gusti Alloh, wong sing diciptakne Alloh, kene kudu teges. Milih pemimpin mek sing taat nang Alloh, yaiku taat syariat ambek sing paling penting. Pemimpin sing merjuang no syariat. Ojo katut, gelem opo ae. Nrimo opo onoke. Pean iku wong penting. Penting nentukno masa depan negeri ini. Deweke iki kudu duwe posisi tawar. Yo iku mau. Lek pengen tak pilih, yo kudu taat syariat Islam ambek merjuangno syariat Islam.
Lha lek ga ono sing koyok ngono...
Berarti kene kudu nasehati wong-wong kabeh iku supaya taat syariat Islam ambek merjuangno syariat Islam.
Lak ngono a!
Assalammu'alaykum WR WB
Selamat Datang, Saudaraku...
Rabu, 28 Januari 2009
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar